LATIHAN SOAL dan KUNCI JAWABAN ASESMEN SUMATIF TAHAP I BAHASA JAWA SMP KELAS 7

 


ASESMEN SUMATIF 
 TAHAP  I BAHASA JAWA
TAHUN PELAJARAN 2022/2023


Mata Pelajaran               : Bahasa Jawa Hari, Tanggal :

Kelas : VII (Tujuh) Waktu

  1. Kanggo soal nomer 1 nganti 25 pilihen salah siji wangsulan sing koanggep paling bener kanthi menehi tandha ing aksara a,b,c utawa d ana ing kolom jawaban!

GUNUNG KELUD NJEBLUG MANEH

Nalika surya kaping 13 Februari 2014 Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kang kaping 190. Gempa vulkanik mau luwih dasyat maneh nalika jam 12.00 tumeka jam 18.00 nganti kaping 442. Nalika jam 21.15 menit status Gunung Kelud saka siaga dadi awas, udan krikil saka gunung Kelud sansaya ndadi, saengga para warga kumudu kudu diungsekake, mligine warga ing tlatah Kecamatan Ngancar Kedhiri lan Kutha Pare Kedhiri. Miturut rekomendasi saka Pusat Vulkanologi Mitigasi lan Bencana Geologi (PVMBG).


  1. Nalika surya kaping 13 Februari njeblug mawa ledhakan tipe eksplosif. Tembung surya ing ukara kasebut tegese…….

  1. dina c. sasi/wulan

  2. tanggal d. taun/warsa


Tlatah Wates didadekake panggonan kanggo ngungsi warga kang mapan ing tlatah radhius 10 Km saka Gunung Kelud amarga erupsi tipe eksplosif kaya ing taun 1990, bisa dumadi kanthi dahsyat. Kaya dene kang diramal sadurunge nalika jam 10 bengi luwih 50 menit surya kaping 13 Februari 2014, Gunung Kelud njeblug mawa ledhakan tipe eksplosif. Gunung Kelud ngetokake awu vulkanik kurang luwih 17 km dhuwure, lan ngetokake krikil kanthi kakuwatan 25 km adohe, swara ledhakan kaprungu nganti tekan Solo lan Ngayogyakarta kang adohe udakara 200 km, malah nganti tekan Purbalingga kang adohe luwih 300 km saka Gunung Kelud.


  1. Tlatah Wates didadekake panggonan kanggo ngungsi warga. Tembung tlatah ing ukara kasebut tegese …….

  1. kutha c. daerah/wilayah

  2. kecamatan d. papan




  1. Swara ledhakan kaprungu nganti tekan Solo lan Ngayogyakarta kang adohe udakara 200 km. Udakara ing ukara kasebut tegese……

  1. Luwih saka c. kurang saka

  2. Kurang luwih d. ngepasi 


  1. Teks naratif kang nyritakake kahanan sabenere iku nduweni sifat ……

  1. digawe-gawe c. nyata/aktual

  2. imajiner d. ngayawara


Nalika jam 1 bengi utawa dini hari  yaiku tanggal 14 Februari 2014 swarane Gunung Kelud njeblug nganti tekan Jombang. Wong-wong kang manggon ing  Kabupaten Kedhiri rumangsa miris atine nyekseni Gunung Kelud ngamuk ngetokake lahar kang sangsaya nggegirisi. Ing tlatah Madiun lan Magetan, dalan-dalan ora katon amarga katutupan awu vulkanik, jarak pandhang kanggo penggendhara roda loro lan papat watara mung telu nganti limang meter. Kanthi anane awu vulkanik kasebut, kagiyatan ing bandhara uga ditutup yaiku bandhara Surabaya, Malang, Solo lan Semarang malah tekan Bandung. Mula saka kuwi petugas kang ana, banjur cancut tali wanda utawa age-age nggunakake piranti pemantau manual kanggo ngawekani kadadeyan lan bledhosan Gunung Kelud susulan.


  1. Kanggo ngawekani kadadeyan petugas nggunakake piranti pemantau manual. Tembung ngawekani ana ing ukara kasebut tegese …

  1. Njagani c. nonton

  2. Njaga d. ndelok


Udan krikil saka Gunung Kelud sansaya ndadi, saengga para warga kumudu kudu  di ungsekake, mligine warga ing tlatah Kecamatan Ngancar, Kediri lan kota Pare Kediri. Gunung Kelud ngetokake awu vulkanik kurang luwih 17 km dhuwure lan ngetokake krikil kanthi kekuwatan 25 km adohe. Swara ledhakan kaprungu nganti Solo lan Yogya kang adohe kurang luwih 200 km. Wong – wong kang mapan ing kabupaten Kediri rumangsa miris atine nyekseni Gunung Kelud  “ngamuk”  ngetokake lahar vulkanik kang sansaya nggegirisi.  Jam 2 bengi swara gemuruh wis rada kurang nanging isih ngetokake awu vulkanik. BMKG isih tetep waspada  lan tetep ngungsekake para warga adohe kira – kira 10 km. Kanthi anane awu vulkanik kasebut, kegiatan ing bandara uga ditutup amarga pesawat lan tlatah ing bandara kang katutup dening awu vulkanik, saengga bisa ngganggu kegiyatan penerbangan.


  1. Wong – wong kang mapan ing Kabupaten Kediri rumangsa miris atine nyekseni Gunung Kelud, amarga

  1. Gunung Kelud ngetokake awu c.  Gunung Kelud ana kabute

  2. Gunung Kelud ngetokake geni d.  Gunung Kelud ngetokake lahar vulkanik





  1. Kanthi anane Gunung Kelud njeblug, BMKG banjur….

  1. Waspada lan tetep ngungsekake para warga.

  2. Waspada lan banjur maringi bantuan sembako.

  3. Waspada lang gawe panggonan ngungsi.

  4. Waspada lan njaga para warga supaya ora ngungsi.


wacanen sapada tembang ngisor iki!

sekar pangkur kang winarna,

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,

ala lan becik puniku,

payoga kawruhana,

adat waton puniku dipun kadulu,

miwah ingkang tatakrama,

den kaesthi siyang ratri.


  1. Serat Wulangreh kaserat dening ….

  1. KGPAA Mangkunagara IV c. Susuhunan Pakubuwana IV

  2. KGPAA Mangkunagara IX d. Susuhunan Pakubuwana IX


  1. Tembang sapada ing ndhuwur diarani tembang macapat ….

  1. Pangkur c. Sinom

  2. Dhandhanggula d. Kinanthi


  1. Sekar Pangkur kang winarna. Tembung winarna tegese …..

  1. Ngomong c. tembang

  2. Kandha d. dicritakake/dikandhakake


  1. Tibaning swara ing pungkasane gatra diarani….

  1. Guru gatra c. guru lagu

  2. Guru wilangan d. guru sastra


  1. Guru wilangan lan guru lagu ing tembang Pangkur gatra katelu yaiku….

  1. 8a c. 8o

  2. 8i d. 8u


  1. Tembang ing ndhuwur cacahe gatra ana….

  1. 1 c. 5

  2. 2 d. 7


  1. Adat waton dipun kadulu. Tembung kadulu iku tegese….

  1. Ditonton c. dicekel

  2. Didemok d. dianggo/digunakake


  1. Sandhangan aksara jawa cacahe …… 

  1. Loro c. papat

  2. Telu d. lima



  1. Kang kalebu sandhangan panyigeg wanda yaiku….

  1. Suku, taling, wignyan c. layar, pepet, wulu

  2. Cecak, wignyan, layar d. taling tarung, pepet, cecak



                   


                               

  1. Wacan kanthi irah-irahan “Gunung Kelud Njeblug Maneh” migunakake basa..…

  1. Ngoko lugu c. krama lugu

  2. Ngoko alus d. krama alus


  1. Bapak lagi ….. ana kamar. Ganepane ukara rumpang yaiku ..…

  1. turu c. tilem

  2. sare d. bobok


  1. Ibu lagi tindak kantor mau esuk nitih motor. Ukara kasebut migunakake basa …..

  1. Ngoko lugu c. krama lugu

  2. Ngoko alus d. krama alus


Sari   : “Bu, kula badhe dhateng peken rumiyin tumbas uwos.”

Ibu    : “Ya, Sari, ati-ati neng dalan ya, Ndhuk!”

Sari   : “Inggih,Bu.”

  1. Sari anggone matur marang ibune nggunakake basa …

  1. Krama alus c. Ngoko alus

  2. Krama lugu d. Ngoko lugu


  1. Dene ibune Sari anggone mangsuli Sari migunakake basa …

  1. Krama alus c. Ngoko alus

  2. Krama lugu d. Ngoko lugu


ASESMEN SUMATIF 
 TAHAP  I BAHASA JAWA
TAHUN PELAJARAN 2022/2023

  1. Ing antarane bocah karo bocah lumrahe manawa guneman migunakake basa ...

  1. Ngoko lugu c. Krama lugu

  2. Ngoko alus d. Krama alus


  1. Tuladha ukara nganggo basa krama alus sing bener yaiku …

  1. Mau bapak tindak kantor jam pitu esuk.

  2. Wau bapak tindak kantor jam pitu esuk.

  3. Kala wau bapak tindak kantor jam pitu enjang.

  4. Wau bapak ten kantor jam pitu esuk.


  1. Yen  matur marang wong tuwa utawa guru kudune nganggo basa ….

  1. Ngoko lugu c. ngoko alus

  2. Krama lugu d. krama alus


  1. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi cara mbunderi aksara B manawa pratelane bener lan aksara S manawa salah!


  1. Gunung Kelud iku mapan ana ing tlatah Jawa wetan.    B-S

  2. Gunung Kelud njeblug maneh ing wayah sore.   B-S

  3. Adat waton iku tegese aturan.   B-S

  4. Tembang Pangkur iku salah sijine tembang Macapat.   B-S

  5. Guru wilangan lan guru lagu tembang Pangkur gatra siji 8u.   B-S

  6. Cacahe wanda saben sagatra diarani guru wilangan.   B-S

  7. Tembung-tembunge ngoko kabeh titikane basa ngoko alus.   B-S

  8. Siswa matur marang gurune becike nggunakake basa krama alus.   B-S

  9. Wong tuwa padha wong tuwa manawa ngendika nggunakake basa krama lugu.   B-S

  10. Wong urip kudu duwe tata krama supaya kajen.    B-S

ASESMEN SUMATIF 
 TAHAP  I BAHASA JAWA
TAHUN PELAJARAN 2022/2023

  1. Isenana titik-titik ngisor iki nganggo tembung ing sisih tengen supaya dadi ukara kang ganep!

36.

Sekar Pangkur kang …

A

Awu

37.

Nalika gunung mbledhos ngetokake … kang mabur menyang ngendi-ngendi.

B

Ngoko lugu

38.

Manawa ana musibah supaya slamet kudu  

C

Winarna 

39.

Cacahe larik saben sapada

D

Ngoko alus

40.

Wong urip kudu weruh ing …

Guru wilangan

41.

Simbah lagi ngunjuk obat amarga gerah padharane.

F

Guru gatra

42.

Ibu guru ngendika marang muride nggunakake basa …

G

adat waton

43.

Manawa guneman marang wong kang luwih tuwa

H

Ngoko

44.

Wong kang guneman karo awake dhewe.

I

Ngungsi

45.

Watak tembang Pangkur.

J

Seneng



K

Krama alus  










ASESMEN SUMATIF 
 TAHAP  I BAHASA JAWA
TAHUN PELAJARAN 2022/2023

  1. Kanggo soal no 46 nganti 50 wangsulana kanthi patitis!


sekar pangkur kang winarna,

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,

ala lan becik puniku,

payoga kawruhana,

adat waton puniku dipun kadulu,

miwah ingkang tatakrama,

den kaesthi siyang ratri.


  1. Tulisen paugerane tembang Pangkur ing dhuwur, guru wilangan, guru lagu lan guru gatrane!

  2. Manut panemumu apa isine sapada tembang pangkur ing dhuwur? Jlentrehna kanthi ringkes wae! 

  3. Kepriye anggonmu matur marang wong tuwamu manawa kowe mengko mulih telat jalaran arep nggarap tugas ing sekolahan bareng kancamu?

Salinen nganggo aksara latin!

  1. Ukara iki owahana nganggo basa krama alus! 

Ibu lunga menyang Pasar Legi tuku beras lan gula.


KUNCI JAWABAN PTS GASAL KELAS 7 BAHASA JAWA
ASESMEN SUMATIF 
 TAHAP  I BAHASA JAWA
TAHUN PELAJARAN 2022/2023


  1. Pilihan Ganda

  1. B

  2. C

  3. B

  4. C

  5. A

  6. D

  7. A

  8. C

  9. A

  10. D

  11. C

  12. D

  13. D

  14. D

  15. D

  16. B

  17. D

  18. A

  19. B

  20. B

  21. A

  22. D

  23. A

  24. C

  25. D


  1. Benar Salah

  1. B

  2. S

  3. B

  4. B

  5. S

  6. B

  7. S

  8. B

  9. B

  10. B


  1. Menjodohkan

  1. C

  2. A

  3. I

  4. F

  5. G

  6. D

  7. B

  8. K

  9. H

  10. J


  1. Uraian

  1. Piwulang kang  kaemot mawa tembang pangkur, prayogane komangerteni, bab pangabdian marang panguripan, bab apik lan ala perlu dimangerteni uga, perlu uga dimangerteni adat lan aturan, saben dinane aja padha nglalekake tata krama, awan lan bengi.

  2. Paugerane tambang pangkur : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i guru gatrane ana 7.

  3. “Ibu kula nyuwun idin mantuk radi telat amargi wonten kerja kelompok ing sekolahan.”

  4. Budi pekerti kang luhur.

  5. Ibu tindak dhateng Pasar Legi mundhut uwos lan gendhis.

    


Tag : Bank Soal
0 Komentar untuk " LATIHAN SOAL dan KUNCI JAWABAN ASESMEN SUMATIF TAHAP I BAHASA JAWA SMP KELAS 7"

Back To Top